Assalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh
Bismillahirahmanirahim,
alhamdulillahirabbil’alamin, wabihinasta’inu ‘alaumuriddunya waddin,
washalatuwassalamu’ala asyrafil anbiyaiwalmursalin wa’ala alihi washahbihi
ajma’in, amma ba’du.
Ibu Camat Klaten Utara ingkang kula
kurmati
Ketua RW saha RT ingkang kula
kurmati
Bapak saha ibu ingkang kula
kurmati
Saha rencang-rancang
pemudha-pemudhi ngkang uga kula kurmati
Kagem
purwakaning atur, mangga kita sareng-sareng ngaturaken syukur wonten ngarsa
dalem Allah SWT, amargi sampun maringi kita kanikmatan saha kasarasan, temahan
kula saha panjenengan sami saged rawuh wonten adicara punika.
Shalawat tuwin salam kita unjukaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Mugiya kita pikantuk syafa’atipun bidunya hadal akhirat.
Mboten kesupen
para rawuh ingkang tansah kawula kurmati,
Sakderengipun
pidhato kula wiwiti, kula badhe nembang 1 sekar macapat, sumangga sami dipun
midhangetaken:
p=ku/
mi=k/mi/ku/ai=a=kr
akrnkrennM/disiwi
sinwu=resMini=kidu=
sinubsinuk/t
m]ihk}t/t
pk/tini=[zlM|luau=
k=tumRpHi=tnhjw
agmagemi=aji
Mingkar-mingkur ing angkara
Hakarana karenan mardisiwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta
pakartining ngelmu luhung
kang tumrap ing tanah jawa
agama ageming aji
Para rawuh
ingkang tansah kula mulyakaken, ngilmu punapa ingkang kamomot wonten ing
salebetipun sekar kala wau?
Tembung
pangkur punika saking tembung pungkur utawi mungkur ingkang ateges ngiwakaken
utawi sampun ngepengkeraken. Gamblangipun, pangkur punika nggadhahi teges ngajak
ajak sumangga sami nebihi hawa nafsu ingkang wonten ing kita sedaya, inggih
punika nebihi nafsu angkara murka ingkang kedah kita budidaya kanthi saestu.
Mliginipun wonten pengetan dinten Maluid Nabi punika, sumangga kita
saksaged-sagedipun sami nuladha dhateng tindak tandukipun Nabi ingkang sae lan
mugi-mugi kita tebih saking angkara murka.
Para rawuh ingkang minulya,
Kula, minangka Ketua Karang Taruna Kampung Dadimulyo, ngaturaken sugeng
rawuh lan agunging panuwun dhumateng panjenengan sadaya ingkang sampun kersa
paring wekdal saha ngenthengake salira saperlu ngrawuhi wonten papan
palenggahan punika kangge mengeti Adicara Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW.
Kula ugi
ngaturake panuwun dhumateng ketua panitia ingkang sampun ngoordinasi anggota
panitia temahan adicara punika saged katindakake kanthi sae. Perlu kawuningan
bilih ingkang dados anggota panitia wonten adicara punika inggih punika
pemudha-pemudhi anggota Karang Taruna Kampung Damimulyo.
Pramila, kula
uga matur panuwun dhumateng panitia wonten adicara punika ingkang sampun
nindhaake tanggung jawabipun kanthi sae. Temahan adicara Peringatan Maulid Nabi
Muhammad, ingkang mapan wonten plataran Masjid Al Muttaqin Dadi Mulyo punika, kita
ajab mugi-mugi saged katindhaake kanthi sae. Amin.
Hadrotal mukaromin rahimakumullah
Kados ingkang
sampun kula aturaken wonten ing ngajeng kala wau, ingkang dados anggota panitia
wonten adicara punika inggih punika pemudha-pemudhi anggota Karang Taruna
Kampung Dadimulyo. Kula minangka Ketua Karang Taruna rumaos Mongkog amargi
nggadhahi rencang-rencang ingkang sampun saged ngurusi adicara kados punika lan
taksih migatosaken marang dinten-dinten agung wonten agama kita sedaya.
Sampun dados
programipun karang taruna, bilih ingkang dipun dadosake panitia wonten ing pinten-pinten
adicara wonten ing Kampung Dadimuyo, inggih punika mudha mudhi karang taruna.
Dene ancasipun program kasebat inggih punika kangge nglatih supados para
mudha-mudhi Kampung Dadimulyo mandiri lan saged nggantosi perananipun sarta
nerasaken pakaryan tiyang sepuh. Dene tiyang sepuh kedah dipun gantosi dening generasi
mudha. Pramila, kula ugi matur nuwun dhumateng para pemudha utawi pemudhi
ingkang gadhah kapinteran, kaluwihan, saha ketrampilan, sampun kersa nuladhani
keahlian utawi kerajinanipun dhumateng rencang-rencangipun. Temahan
sedaya anggota karang taruna gadhah keahlian utawa ketrampilan. Kanthi keahlian
utawi ketrampilan punika, para mudha sedaya saged pikantuk kauntungan, inggih
punika saged ngisi wekdal kosong kita kanthi nindakaken pakaryan ingkang
positif.
Para rawuh
ingkang tansah kawula kurmati,
Wonten wulan
Mulud punika, Karang Taruna Kampung Dadimulyo badhe nindhakaken satunggaling
program keagamaan inggih punika “Pemudha Mesjid”. Para mudha anggota karang
taruna dipun aturi rawuh wonten mesjid ing Kampung Dadimulyo, ingkang saperlu
ngawontenaken acara maos kitab Al Barzanzi. Kanthi acara punika, kaajab para
pemudha lan pemudhi saged tuwuh raos tresna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad
SAW. Kula minangka generasi mudha nguwatosaken dhumateng iman lan akhlak
generasi mudha wekdal sapunika. Umumipun wonten Indhonesia, wonten Negara kita,
kathah sanget kasus-kasus mudha-mudhi . Pramila kanthi program–program
keagamaan kadosta program kasebat, generasi mudha saged dipun wastani Kampung
Dadimulyo, inggih punika saged dipunarep-arep lan dumadi mulyo.
Muslimin lan
muslimat rahimakumullah
Kanthi
program-program Karang Taruna ingkang kawula sebat ing ngajeng, para mudha
Karang Taruna dipun ancas kedah saged mendhet hikmahipun. Pemudha-pemudhi
Kampung Dadimulyo saged mandiri, saged nerasake pakaryaning tiyang sepuh, saged
nggantosi perjuanganipun tiyang sepuh kangge majengaken Kampung Dadimulyo. Lan
boten kasupen, para mudha saged dados tiyang ingkang taqwa dhumateng
Gustinipun. Ing pungkasanipun, mugi-mugi
pemudha-pemudhi kita saged mbumbung dhuwur asma Dadimulyo tuwin ndadosake sae
lan majengipun Kampung Dadimulyo.
Para rawuh,
kakung miwah estri,
Cekap semanten
atur kawula, mbok bilih wonten atur saha subasita ingkang boten trep kaliyan
manah panjenengan sami, saestu kula nyuwun gunging pangapunten.
Iwak sepat
kecemplung ing santen. Sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam,
wabillahitaufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum
Warahmatullahiwabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar